Senin, 07 Desember 2009

Nggliyer

Mak deg, pas aku ndeleng foto iku
Aku kenal ning ora mung kenal
Mripat kang wis tahu sumunar
Tanpo ngomong ning ngerti
Tak kiro ndeweke yo ngerti
Gumuruhe isi dodo iki
Nganti raono kang iso ginambarake
Cumlenge endas iki
Nganti raiso mikir waras
Kudune dewekke ngerti
Opo kang ditumindakke iku
Iso marahi driji lan lengkingan swara iki
Methik nada minor frekuensi tinggi
Ning "ngerti"-ku lan "ngerti"ne deke bedo
Bedo kang ngunduh kuciwo
Amergo roso rapodo
Ah... foto iku....



Ngundang dimensi bedo
Dimensi kang ono ning kono mbiyen
Titi kolo aku rasane nduwe donya
Rasane koyo amplop lan prangkone
Koyo areng lan awune
Roso iku kang dadi genine
Nganti titi kolo mongso
Nyawang foto iku
Sirahku dadi nggliyer
Dodoku mak deg
Sepi koyo mati
ngenteni geni kuwi.....

Tidak ada komentar: